๐ฒ *O J E K* ๐ฒ
๐ *_NALIKA bus "BAGONG" Blitar-Malang tekan prapatan Garum, banjur diserbu tukang ojek._*
๐คท♀️ *_"Ojek, Pake ?"_*
๐ด *Aku noleh. _Saeba kagetku jebule sing nawani bocah wadon. Umure udakara sepantarane Ayu, anakku sing ragil. Dheweke nggawe jaket kulit warna coklat, ngepres. Ngono isih ditambahi sal biru sing nggubet ing gulune. Dedege sedheng, bocah wadon kuwi dhuwure udakara 160-an senti. Kanthi ngganggo clana jeans ireng tampilane katon pantes banget._*
๐คท♀️ *_"Kula betakaken nggih, Pak ...., " clathune banjur ngangkat karton wadah jajan lan buwah gawanku, age-age wanita kuwi marani "N' MAX" sing diparkir ana sangisore lampu bangjo. Pas pojok prapatan._*
๐ด *_"Endi tukange ojek, Mbak ?"_ takonku.*
๐คท♀️ *_"Nggih kula piyambak lho, Pak"_*
๐ด *_"Hah ??"_*
๐คท♀️ *_"Wonten menapa, Pak ?"_*
๐ด *Aku meneng Mesthi wae semu gumun. _Racake tukang ojek ki priyayi kakung. Iki kok cah wadon, ayu pisan. Pawakane lencir kuning. Nalika bukak maskere sing ngalangi panyawangku, aku mlongo. Lha piye, jebul meh kaya Amanda Manopo, bintang sinetron _Ikatan Cinta._ Jiblles Ora slewah.*
๐คท♀️ *_"Mangga, Pak ...."_ clathune sing gawe aku gragapan dheweke mesem.*
๐ด *_"Aku tak sing ning ngarep ya, Mbak ?"_ jareku usul.*
๐คท♀️ *_"Hehee ...."_ bocahe mung mlengeh karo ngulungake kunci kontak lan heleme.*
๐ด *_"Kakunge tindak ngendi Mbak, kok slirane ngojek dhewe ?"_ takonku ing sela-selane mesin sepeda montor sing ngleser ana dalan hotmix Tawangsari Ora maido montor anyar.*
๐คท♀️ *_"Napa, Pak ?"_*
๐ด *_"Garwane kerja ning ndalem ya, Mbak ?"_ takonku setengah nylidhiki. Kok kaya intel, batinku, hehe ....*
๐คท♀️ *_"Sampun boten gadhah, Pak ...."_*
๐ด *_" Innalillahi, wis seda, ye ?"_*
๐คท♀️ *_"Dirayah tiyang sanes ...."_ jawabe lirih karo ngguyu ning aku isih tengen.*
๐ด *_"Astagfirullah ...."_*
๐คท♀️ *_"Kersane, ta, Pak, kula trimah. Mbokbilih sampun lakon ...."_ bacute sajak legawa.*
๐ด *_"Terus ....slirane karo putrane, ya ?"_*
๐คท♀️ *_"Dereng gadhah, Pak ...."_ muni ngono sepeda motore nerak zebra cross nganti njondhil lan dheweke spontan ngrangkul bangkekanku.*
๐ด *_"Sorry, Mbak, ora weruh, e. " jareku._* ๐ *_Bocahe mung ngguyu. Ora krasa wis tekan ngarep ngomahku, Jln. Abadi, Nglegok._*
๐ด *_"Tak aturi pinarak sik, Mbak, ayo dilebokne ngomah barange. "_*
๐คท♀️ *_"Injih, Pak ...."_ muni ngono karo ngangkat kartonku. Banjur mlebu ana ruang tamu.*
๐ด *_"Oh, iya. Asmane sapa, slirane ?"_*
๐คท♀️ *_"Kula DINA, Pak ...."_*
๐ด *_"Mbak DINA ngersakne unjukan adhem apa anget ?" pitakonku._*
๐คท♀️ *_"Wadhuh, boten sisah, Pak ...."_*
๐ด *_"Wis kadhung ki"_ jareku karo nggawa jus jeruk sing mentas tak jupuk saka kulkas. _"Ayo, diunjuk, "_*
๐คท♀️ *_"Injih, Pak .... Ibuk tindak pundi, Pak ?"_ pitakone.*
๐ด *Aku unjal ambegan, sadurunge njawab bloko: _"Ibu wis kapundhut, wis meh nyewu, kok. Aku ya ijen. Anakku telu wis padha mentas, kabeh digawa bojone dhewe-dhewe. Hehee ...."_ guyuku sepa.*
๐คท♀️ *_"Lajeng Bapak taksih ngasta ?"_*
๐ด *_"Wis pensiun, 3 th kepungkur. Trus slirane yen ngojek ya 'siang-malam' ta, Mbak ?"_ aku nyoba ngalihne ukara.*
๐คท♀️ *_"Boten. Namung siyang, Pak ...."_ ngakune.*
๐ด *_"Iya Kuwi luwih prayoga, jalaran slirane ki nyuwun sewu, ayu. Jujur sakjane aku ora lila yen dadi tukang ojek senajan kuwi pegaweyan halal."_ bacutku.*
๐คท♀️ *_Dina dhingkluk lan katon rikuh._*
๐ด *_" Wis terus pira ongkose mau ?"_ punggelku.*
๐คท♀️ *_" Sakersa, kula dherek ...."_ jawabe.* ๐ด *_Aku ndudut lembaran abang saka dompet banjur tak lungne._* ๐คท♀️ *_"Wah, boten wonten wangsulipun, Pak ...."_ ucape Dina.*
๐ด *_"Wis diasta wae, ora usah disusuki. Minangka simpatiku marang sliramu."_*
๐คท♀️ *_"Nanging ...."_*
๐ด *_" Nanging, ora apa-apa, Mbak DINA ?"_*
๐คท♀️ *_"Kula .... boten sekeca, Pak ...."_ guneme rikuh.*
๐ด *_Aku meksa tak kon nampani. DINA, makaping- kaping anggone ngucapake rasa syukur._* ***
☝️ *_WIWIT kuwi DINA dadi langgananku. Malah kerep tak aturi mapag barang. Yen ora sambang putu, ya lungan njaban kutha._*
๐คท♀️ *Sore kuwi udane kaya disok saka langit. Ngandeg anggonku arep lelungan. Kamangka DINA wis ana omahku, njemput: _"Lajeng kadospundi, Pak ? jawahe sajake deres. "_*
๐ด *_"Ora apa-apa. Ning kene wae. Ora usah kesusu. Aku seneng yen ketemu sliramu. "_ jareku apa anane.*
๐คท♀️ *DINA mung mlengeh: _"Umpama saiki slirane ora usah ngojek, piye ?"_ takonku sabanjure.*
๐คท♀️ *_"Lho, sampun pedamelan kula, lho, Pak ...."_*
๐ด *_"Bener. Ning kaya-kaya aku ora lila yen slirane ngojek. Aku ...."_ suaraku kandheg ing gulu, _"Aku pengin slirane ana omahku kene ngganteni swargine ibune ...."_ bacutku jujur.*
๐คท♀️ *_DINA dhingkluk sawetara katon praupane semburat jambon. Banjur dhangak nyawang aku, katon rikuh banget malah kepara kisinan._*
๐ด *_"Aja kok jawab saiki Din, iki dudu crita cekak sing ngayawara, utawa wacan instan, ning kasunyatan. Bab ati lan privacy ...."_ tembungku sareh.*
๐คท♀️ *_"Injih, Pak .... kula nyuwun wekdal sawetawis njih ? Badhe nglaras manah rumiyin ...."_* ๐ด *_"Ning aja suwi-suwi ya, jawabe ?"_*
๐คท♀️ *_" Injih, Pak ...."_*
๐ด *_"Nanging sabisa-bisa jawaben. Yen ora sarujuk, aku ora gela. Tenan, kok ,..."_*
๐คท♀️ *_"Injih. Sembah nuwun njih, Pak, kula Badhe nyuwun pamit rumiyin ...."_ kandhane.*
๐จ *_Udane wis terang. Malah srengengene katon semburat. Wis keplorot ana langit kulon. Ngacik wayah sore ...._* ***
๐ *_MEH setengah wulan suwene ora ana kabar saka DINA. Nalika tak hubungi hapene ora aktif. Aku ora gela. Pancene sing kleru aku, kok kaya kebo nantang pasangan, utawa sing pas kaya wong cebol nggayuh lintang. Utawa maneh, gaplek pringkilan .... wong wis tuwรจk petakilan, batinku. Hahaaa ....!_*
๐ค *_Bubar sholat jama'ah saka langgare Kyai Zaenal Fanani, aku nyandhak sepeda motor. Kangen putu. Wis sepasar iki ora ketemu, lucune putu kaya gawang- gawang ing mripatku. Honda Vario-150 tak gelak nyuwek bulak Jiwut sing sepi. Apa maneh wayahe wis bakda Ngisyak, mentas udan pisan, sadawane dalan katon samun. Tekan kidul makame BUNG KARNO, aku mandheg, arep tuku jajane putuku dhisik. Senengane 'Silver Quin' lan 'Oreo'. Durung nganti mlebu swalayan krasa hape sing ana kanthong jeans kedher ambal-ambalan. Banjur tak priksa, DINA !._*
๐คท♀️ *_"Assalamu'alaikum, Bapak ...."_*
๐ด *_"Wa'alaikum salam .... slirane ta Cah Ayu ?"_*
๐คท♀️ *_" Injih, Pak ..."_ swarane cemlengking. _'Nyuwun duka lho, Pak .... kula nembe matur samenika ...."_*
๐ด *_"Iya. Ora dadi apa, DIN. Aku wis krasa yen slirane ora sarujuk. Aku sing nyuwun pangapura ya, DIN ...."_ jareku apa anane.*
๐คท♀️ *_"Lho.... lho .... kok Bapak dhawuh ngaten ?"_*
๐ด *_"Lha piye, ta, Cah Ayu. Rak ya bener ta ?"_*
๐คท♀️ *_"Boten leres !"_*
๐ด *_"Lire piye ?"_*
๐คท♀️ *_" Kula .... kula ...."_ durung tutug anggone tilpun kesusu hapene mati. Tak bel bola-bali ora kena.*
๐ด *_"Mbak pulsa 50 ribu ke nomor ini !"_ uniku menyang kasire swalaya (Nomere DINA).*
๐คท♀️ *_"Ngapunten Bpk nembe pulsanipun telas. Matur sembah nuwun transferipun pulsa he hee ...."_*
๐ด *_"Iya, Cah Ayu .... terus piye bacute ...."_ takonku ora sabar.*
๐คท♀️ *_'Kula .... kula .... dherek kersanipun Bapak ...."_ swarane karo nangis.*
๐ด *_"Lho, ngapa kok nangis Cah Ayu ....?"_*
๐คท♀️ *_"Kula .... kangen, Pak ...."_ jawabe. Jawaban sing ringkes. Kanggeku wis cukup sakabehe.*
๐ *_Kutha Blitar wis sepi. Putuku palinga wis babuk. Ning atiku wis ayem. Seneng banget. Nganti ora krasa aku rengeng-rengeng dhewe kaya wong edan: " Senajan kowe ngilang ra bisa tak sawang, nanging ning ati tansah kelingan ...."_ Heheee ....*
๐๐ป *_Trus lamat-lamat aku krungu suworo, mbahkung... mbahkung... wungu mbah... Tibake putuku nggoyok² awakku._*
๐ด *_Halaaahhhh, Tibak'e ngimpi to iki mau._* ๐ญ๐ญ๐ญ๐คฃ๐คฃ๐คฃ *(CUTHEL).*